Kamis, 27 Oktober 2016

KETIKA KAMU BINGUNG HARUS 'PERGI ATAU BERTAHAN' (Jawa)


Pernah, neng suatu hubungan kuwi mesti enek suatu kebingungan, dilema... antara pengen lungo utowo mempertahanke?
Kerepe, pikiran kuwi muncul pas awakdewe ngroso neng suatu hubungan kuwi sering akeh ngelarani..
Pengene bertahan, tapi luwih akeh nrimo loro.
Tapi seko kono seng marai sayang.
Pengen lungo, tapi ra tego, lan ra lilo nek seng disayang jadian karo seng liyo.



Angel rasane, nek mung kudu mesem lan ngetok'i seolah kabeh apik-apik wae.
Cinta kuwi penting. Lan wes tentu butuh perjuangan keras, pas entuk utowo pas mempertahanke ne.. Awakdewe kabeh mudeng, nek opo seng dietukne gampang, bakale yo lungone gampang. Tapi, cinta seng dietukne seko kerja keras lan susah payah, wes ngakar nganti njero ati, opo gampang ngeculkene? Tentune ora.

Hubungan kuwi koyo hal e omah, ketika omah kuwi wes ra nggawe awakdewe nyaman lan malah gawe loro. Muncul roso dilema, bertahan utowo lungo? 2 pilihan seng salah sijine angel diputusne.

Nek bertahan, opo hubungan kuwi bakal balik koyo awale? Opo de'e rabakal nggawe kowe loro meneh? Opo de'e bakal nglakoni kesalahane.. tapi nek ninggalke, opo kowe siap dinggo lembaran seng anyar? Utowo wedi nek bakale dewe, lan wes ucul seko kebiasaan karo de'e seng ngangeni?

Tetep elingo, apike hubungan kuwi wong loro, dudu siji bahagia, siji keloro - loro. Singkirke wae pikiran tetek mbengek.. lan mikir seng jernih, ngoreksi opo seng wes lan seng durung. Lan seko ngoreksi kuwi kowe isoh mikir neng hubunganmu kuwi, opo seng wes dilakokne kowe dinggo de'e.. opo seng wes diperjuangke de'e neng njero hubungan?

Lan eling, hubungan kuwi ra ditentukne seko sepiro suwene kowe njalin.. Nek suwe tapi seng berjuang kowe dewe? Opo kowe bahagia mung seko loro seng mbok tompo? Bahagia palsu. Nek nyatane tulusmu ra dihargai, yo luweh apik lungo. Luweh enek seng pantes nompo tulusmu. Culke seng malah nyia-nyiake.. ben de'e ngrasake patah ati seng digawe dewe.
Renungke meneh, kudu bertahan utowo lungo?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

HIDUP ITU PILIHAN

Kamu cari yang enak apa cari yang baik Atau kamu cari yang kamu bahagia apa yang selamat Karena kadang kadang bahagia tidak selamat Kalau se...