Kamis, 27 Oktober 2016

Apa sih? Perbedaan Antara Obsesi Dan Cinta (JAWA)

"Opo sih bedane Obsesi karo Cinta kuwi?" 
Cinta kuwi sederhana, tapi bakal dadi kompleks nek dijelaske. 
Kadang seringkali uwong raisoh mbedakne opo kuwi cinta utowo mung sekedar obsesi. 
Perasaan seng nduwe ciri podo. 
Tapi akeh uwong nganggep obsesine kuwi sebuah cinta, seng akhire nggawe hubungane ra apik lan pisah e yo ra apik. 
Kadang seng isoh mbedakne kuwi awakmu dewe, yakin cinta utowo mung sekedar obsesi, ketika muncul roso seneng karo de'e. 
Tapi aku bakal ngewangi kowe piye carane ben isoh mbedakne seng mbok rasake kuwi obsesi utowo cinta? 
Jawab pertanyaanku ya?
Jawaben Ya/Ora. 
1. Opo kowe sayang de'e nganti kowe raisoh ngilangke de'e seko pikiranmu? 
2. Sepiro akeh wektu mu mikirne de'e, opo de'e wong seng mbok pikirke pertama kali pas tangi utowo turu, lan selalu muncul de'e neng pikiranmu pas kerjo utowo lagi aktivitas? 
3. Opo kowe sering ke ganggu mergo mikirke de'e koyo pas de'e rambales smsmu malah nggawe kowe emosi? 
4. Opo kowe berharap banget nduweni de'e secara utuh seutuhe, saksuwe-suwene. Walaupun hal kuwi ramungkin kedaden? 
5. Coba pikir piye nek urip tanpo de'e?
Opo kowe rabakal isoh golek cinta seng anyar lan luwih apik seko de'e? 
Nek jawabanmu kuwi Ya luwih seko 2.. patut dicurigai nek perasaanmu kuwi mung sebatas obsesi lan dudu perasaan cinta sejati. 
Tapi kembali kemasing-masing, kuwi mung tips.. apike hubungan kuwi kowe lan de'e seng njalani. Dijalani piye ben isoh apik-apik wae. 
Cinta sejati ora bakal tego nglarani ati. 
Sekian, dan semoga bisa balikan! -

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

HIDUP ITU PILIHAN

Kamu cari yang enak apa cari yang baik Atau kamu cari yang kamu bahagia apa yang selamat Karena kadang kadang bahagia tidak selamat Kalau se...